Penyerat: Ika Zardy Saliha
Prawacana : Adhi Setyoko
Pangiring Prof. Suyanto, Ph.D.
Prawacana
Metani Suket Grinting
Yen ditakoni kenangapa kudu maca susastra utawa karya sastra? Meh saben wong mangsuli kanthi entheng. Kanggo panglipur utawa ngisi wektu kosong. Nanging apa ya bener mung semono dayane susastra? Maca susastra Jawa pancen bisa nglipur, ngisi wektu istirahat, lan kepara bisa nambani gorehing ati. Nah, menawa kaya mangkene kaya-kaya sawijining susastra ki kepara nggawa maneka daya kanggo para maos.
Pancen bener, sawijining susastra kang kaanggit kanthi pener tansah nggawa piranti sinandi kang bisa migunani tumraping para maos. Jer sawijining susastra cinipta saka pengangening pengarang kang duweni daya linuwih, yaiku kuwawa ndeleng kahanan donya kang kadhangkala ora dititeni dening wong-wong sabaene. Gegambaran kang diduweni dening pengarang mau banjur diejawantahake ing larik-larik tulisan kang mawujud ing prosa (cerkak, novel) lan puisi (geguritan, tembang). Kanthi wasise lan trampile pengarang, gegambaran mau diracik kanthi becik lan endah dadi sawijining susastra, ora mung mlaha crita apa anane. Racikan iki kang diarani crita rekan (rekaan utawa fiksional), kang ancase atur warta utawa pesen nanging “sinandi” lumantar paugeran-paugeran kasusastran. Sawijining cerkak, tuladhane, kaaturake marang para maos kanthi nggembol pesen-pesen sinandi lumantar paraga, latar papan, latar kahanan, latar wektu, lan alur crita. Mula maca karya sastra ya kudu titen lan kepara kudu “cubriya” marang apa kang diandharake pengarang lumantar ekspresi sastrane.
Cerkak-cerkak kang kaanggit dening Ika Zardi Zaliha ing Antologi Cerkak Suket Grinting iki dadi salah sawjining tuladha karya sastra Jawa kang prelu “dicubriyani”. Ekspresi 16 cerkake Ika Zardi Zaliha kang asesirah “Asbak”, “Mas Agus”, “Layang Kaget”, “Ples-Ples”, “Es Dhundhung”, “Pecahing Pengilon”, “Ulem Istimewa”, “Kanca Nembang”, “Kabegjan”, “Kramik Kembang-kembang”, “Bayi Tiban”, “Sangaji”, “Lor Kulon Dul Wetan”, “Reribet”, “Suket Grinting”, “Jeng Ulfah”, kalebu cerkak realis, kang nggambarake kahanan padinan apa anane. Menawa diwaca sakeplasan para maos bakal disuguhi kahanan-kahanan lan maneka konflik kang biasa diprangguli ing urip padinan, kayata wong kang adigang adigung, tresna kang wurung, rebut kuwasa ing kluwarga lan pawiyatan. Kepara kahanan pageblug korona dadi latar swasana kang dhominan. Babagan iki kang nyedhakake para maos bisa lelumban ing donya kang lumrah diprangguli ing sakiwa tengene.
Ekspresi cerkake Ika Zardi Zaliha kang bisa kawaos kanthi entheng dumunung ing luwesing pamijine tembung-tembung lan swasana kang lumrah diprangguli dening para maos ing pawitan, omah, kantor, lan liya-liyane. Iki ndadekane para maos kaya-kaya melu nglakoni dhewe lan ndadekake ora bosen ngrampungke anggone maos. Nanging, aja nganti kleru. Cerkak-cerkak kang kaaturake kanggo para maos iki ora mung mandheg dadi wacan panglipuran sajrone ngisi wektu. Ana babagan-babagan sinandi kang bisa dionceki kang wis dicawisake dening Ika Zardi Zaliha kanggo para maos. Mula sumangga katuran maos lan lelumban ing samudraning cerkak ing Antologi Cerkak Suket Grinting.
Salam sastra budaya,
Yohanes Adhi Satiyoko Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta (SSJY)
Reviews
There are no reviews yet.